TUGAS BASA JAWA
ski= : !ailHikmP+kiaufFin\
SMA NEGERI 1 KEBUMEN
Jalan MayJend Sutoyo No.7
Kebumen
2013/2014
";2013,2014;
Hanacaraka
Aksara Hanacaraka
iku sawijining aksara sing digunakaké ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ta ing
Madura, Bali, Lombok lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani
aksara Jawa nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku
warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé.
Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangskreta, basa Arab, basa Bali, basa
Sundha, basa Madura, basa Sasak lan uga basa Melayu.
Nanging ing
artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana
ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hancaraka.
Aksara Hanacaraka
kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara
alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining
swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan.
Déné wujudé, aksara Hanacaraka anané wis kaya saiki wiwit sa-ora-orané abad
kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenengé dijupuk saka limang aksara wiwitané.
Étimologi
lan legèndha asal
Aksara Hanacaraka
jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana
caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan
nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
ancrk ftswl pdjyv mgbqz
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan
iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana
caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data
sawala" tegesé "Padha kekerengan"
"Padha
jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga
bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Urutan aksara iki
digawé miturut legèndha yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah
Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya
mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, sing setya nganti mati.
Loro-loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka
banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Sajarah
aksara Jawa Hanacaraka
Aksara Jawa kuwi
lair saka critané Ajisaka. Satria sing bisa ngalahaké Déwata Cengkar sing dadi
raja ing médan Kamulan. Wektu semana Ajisaka lan abdi setiané yaiku Dora lan
Sembada lagi mangembara. Nalika wis tekan pulau Majethi, Dora diwènèhi utusan
jaga pusaka lan diwènèhi amanat : aja mènèhké pusaka kuwi sakliyané Ajisaka
sing jupuk. Ajisaka lan sembada banjur neruské perjalanan. Sakwisé Ajisaka
ngalahké Dewata Cengkar lan dadi Raja, Ajisaka banjur ngutus sembada jupuk
pusaka sekaliyan ngajak Dora ing kerajaan. Ananging Dora ora gelem mènèhké pusaka
amarga wis diwènèhi amanat Ajisaka. Banjur kabeh pada tarung lan mati kabeh
amarga pada saktiné.
Aksara Hanacaraka
iku baboné aksara Brahmi sing asalé saka Hindhustan. Ing anak bawana Indhia iku
akèh rupa-rupaning aksara. Salah sijining aksara sing wigati iku aksara Pallawa
saka Indhia sisih kidul. Aksara iki inaranan mengkéné miturut jenengé salah
siji karaton ing Indhia kidul yaiku Karajan Pallawa. Aksara Pallawa iki
digunakaké ing kiwa tengené abad kaping-4 Masèhi. Ing Nusantara patilasan
sajarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis nganggo aksara
Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi baboné kabèh aksara Nusantara, antarané aksara
Hanacaraka uga aksara Réncong (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar
lan aksara Baybayin (aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de
Casparis, yaiku pakar paléografi utawa ahli ngèlmu sajarah aksara misuwur saka
Walanda mérang sajarah tuwuhing aksara Hanacaraka ing limang mangsa utama:
1. Aksara Pallawa
2. Aksara Kawi
Wiwitan
3. Aksara Kawi
Pungkasan
4. Aksara Majapait
5. Aksara
Pasca-Majapait utawa Hanacaraka
Aksara Pallawa
iki digunakaké ing Nusantara saka abad kaping 4 nganti kurang luwih abad kaping
8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad kaping 10
utamané ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kaping 10
nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wétan. Banjur aksara Majapait iku
digunakaké ing Jawa Wétan nalika jaman Majapait. Banjur sawisé karajan Majapait
binedhah, muncul aksara Hanacaraka modhèrn sing uga kerep diarani aksara Jawa.
Aksara ini banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar Sundha, Madura,
lan Bali. Kabèh-kabèh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat. Nanging
sajatiné ugi ana aksara liyané ing tanah Jawa sing luwih lawas lan isih
dienggo. Aksara ini jenengé dadi aksara Buda.
Aksara Hanacaraka
banjur déning wong-wong Eropah digawèkaké vèrsi aksara céthak ing abad kaping
19.
Aksara Pallawa
Aksara Pallawa
iku asalé saka India sisih kidul. Jinis aksara iki digunakaké ing kiwa-tengené
abad kaping 4 lan abad kaping 5. Bukti kapisan panganggonan jinis aksara iki
ing Nuswantara ditemokaké ing pulo Kalimantan sisih wétan ing cedhak tlatah
sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga digunakaké ing pulo Jawa ing
Tatar Sundha ing prasastiné Tarumanegara sing katulis ing kiwa-tengené taun
450. Ing Tanah Jawa dhéwé aksara iki kagunakaké ing Prasasti Tuk Mas lan
Prasasti Canggal.
Aksara Pallawa
iki bisa dianggep baboning kabèh aksara ing Nuswantara, kalebu aksara
Hanacaraka. Yèn dideleng aksara Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa
Inggris prekara iki diarani nganggo ukara box head utawa square head-mark.
Banjur mèh kabèh aksara tinulis nganggo apa sing kasebut mawa istilah serif.
Serif-é tinulis ing sisih kiwa.
Senadyan aksara Pallawa wis
ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli
durung ana sing katulis ing aksara iki.
Aksara Kawi Wiwitan
Prabédan antara
aksara Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iku utamané gayané. Aksara Pallawa iku
ketara yèn sawijining aksara monumèntal sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi
Wiwitan katoné utamané aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulané bentuké
dadi luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925.
Prasasti-prasasti sing katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang
luwih 1/3 (sapratelon) saka kabèh prasasti sing ditemokaké ing pulo Jawa.
Ing Tanah Jawa,
aksara iki paling tuwa ditemokaké ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga)
sing kurang luwih ditulis ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa
Sangskreta.
Aksara Kawi Pungkasan
Kira-kira sawisé
taun 925, pusat kakuwasan ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wétan. Pangalihan
kakuwasan iki uga katon pangaruhé ing jenising aksara sing kanggo. Mangsa
aksara Kawi Pungkasan iki kira-kira saka taun 925 nganti 1250. Sajatiné aksara
Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksara Kawi Wiwitan, namung gayané
waé sing dadi rada séjé.
Ing sisi liya, gaya aksara sing
kanggo ing Jawa Wétan sadurungé taun 925 uga wis béda karo gaya ing Jawa
Tengah. Dadi katoné prabédan iki ora namung prabédan ing wektu waé nanging uga
ing papan.
Ing mangsa iki bisa dibédakaké papat gaya
aksara sing béda-béda: 1. Aksara Kawi Jawa Wétanan saka taun 910 - 950; 2.
Aksara Kawi Jawa Wétanan saka jaman prabu Airlangga (1019 - 1042); 3. Aksara
Kawi Jawa Wétanan Kedhiri (kurang luwih 1100 - 1220; 4. Aksara tegak (quadrate
script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220).
Aksara Majapait
Ing sajarah
Nuswantara mangsa antara taun 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominansi
Majapait ing Jawa Wétan. Aksara Majapait iki uga nuduhaké pangaruh saka gaya
panulisan ing rontal lan rupané éndhah. Gayané semu kaligrafis. Conto utama
gaya panulisan aksara iki bisa paling becik dideleng ing Prasasti Singhasari
1351 sing gambaré ana ing sisih kiwa iki.
Gaya panulisan
aksara gaya Majapait iki wis nyedhaki gaya modhèrn.
Aksara
Pasca-Majapait
Sawisé jaman
Majapait sing miturut tradhisi Jawa negara binedhah ing taun 1478
(candrasangkalané sirna ilang kretaning bumi) nganti pungkasan abad kaping 16
utawa awal abad kaping 17, kanggo sajarah aksara Jawa bisa diarani "jaman
peteng". Amerga sawisé iku nganti awal kaping 17 mèh ora ditemokaké bukti
panulisan. Ujug-ujug bentuk aksara Jawa dadi bentuké sing modhèrn. Senadyan mengkono
uga ditemokaké prasasti sing wigati amerga dianggep dadi "missing
link" antara aksara Hanacaraka saka jaman Jawa Kuna lan aksara Buda sing
isih dienggo ing Tanah Jawa, utamané ing sakiwa-tengening Gunung Merapi lan
Merbabu nganti abad kaping 18. Prasasti sing diomongaké iki diarani Prasasti
Ngadoman sing ditemokaké cedhak Salatiga. Nanging conto aksara Buda sing paling
tuwa diduga asalé saka Jawa Kulon lan ditemokaké ing naskah-naskah sing ngamot
Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna gancaran.
Wetoné Aksara Hanacaraka
Anyar
Sawisé jaman
Majapait, muncul jaman Islam lan uga jaman Kolonialisme Kulon ing Tanah Jawa.
Ing jaman iki banjur muncul naskah-naskah manuskrip kapisan sing wis nganggo
aksara Hanacaraka Anyar. Naskah-naskah iki ora namung katulis ing godhong palem
(rontal utawa nipah) manèh, nanging uga ing dluwang utawa kertas lan awujud
buku utawa codex. Naskah-naskah iki ditemokaké ing tlatah pasisir lor Jawa lan
padha digawani menyang Eropah ing abad kaping 16 utawa 17.
Bentuké aksara
Hanacaraka Anyar iki wis béda karo aksara sadurungé kayata aksara Majapaitan.
Prabédan utama iku anané serif tambahan ing aksara Hanacaraka Anyaran.
Aksara-aksara Hanacaraka
awal iki bentuké mèmper kabèh saka Banten ing sisih kulon nganti tekan Bali.
Nanging banjur akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksara Hanacaraka lan
pindhah nganggo Pégon lan aksara Hanacaraka gaya Surakartan sing dadi baku.
Nanging saka kabèh aksara iku, aksara Bali sing bentuké tetep padha nganti ing
abad kaping 20.
Aksara Hanacaraka ing média
cithak
Aksara Hanacaraka
wiwit digunakaké kanggo nyithak buku ing purwané abad kaping 19. Tèknik médhia
cithak wiwit ditepangi purwané ing Eropah ing tengahé abad kaping 15 ing
kiwa-tengené tahun 1450. Sing kapisan ngripta iku Johannes Gutenberg saka
Jerman. Mawa sistém Gutenberg iki, dadi sawijining tèks ora usah ditulad mawa
tangan manèh déning sawijining juru tulis nanging bisa dicithak. Akibaté
buku-buku bisa diprodhuksi massal lan éwadéné bisa diedol luwih murah lan
panyebarané luwih jembar.
Bangsa Éropah wis
padha nekani Nuswantara wiwit taun 1511, lan manyinaoni basa-basa pribumi ing
tlatah kéné, nanging gagasan kanggo nyithak buku-buku mawa aksara pribumi lagi
muncul ing purwané abad kaping 19. Sadurungé ana aksara sing maremi brayat
umum, ana sawetara gagasan-gagasan sing muncul prekara aksara Jawa cithak sing
apik saka sumber sing séjé-séjé. Ing kala semono pangripta aksara Jawa cithak
iki dadi diprakarsani déning kelompok sing séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah
Hindhia-Walanda, kaum panyebar agama Kristen (zending), lan para ngèlmuwan.
Kanggo aksara
Hanacaraka Jawa, priyayi sing kapisan nggawé cithakan aksara Hanacaraka iku
Thomas Stamford Raffles ing bukuné sing misuwur The History of Java (Raffles
1817). Nanging aksara cithak Jawa iki namung kanggo ilustrasi ing bukuné waé,
ora kanggo nyithak tèks sing akèh.
Van Vlissingen
Sawisé iku ing
taun 1820, kepala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutusaké supaya
ana mesin cithak mawa aksara Jawa. Baud banjur awèh paréntah marang sawijining
pakar basa Jawa Walanda sing nalika iku manggon ing Surakarta, P. van
Vlissingen supaya bisa ngrancang sawijining aksara cithak sing praktis tur
apik. Van Vlissingen sarujuk lan nggawé sawijining modhèl aksarané. Nanging
dhèwèké ing taun 1821 mulih menyang Walanda. Senadyan mengkono para penggedhé
ing Batavia seneng marang rancangané lan Van Vlissingen sing wis ing Walanda
dikirim layang supaya nerusaké gayuhé. Banjur wusanané ing Juni 1825 aksara
cithak iki tekan ing Batavia. Wong-wong ing kana padha seneng amerga aksarané
bisa kanggo nyithak tulisan tenanan lan tuladhané ya aksara sing kaanggep apik
dhéwé kala iku: aksara Hanacaraka gaya keratonan Surakarta. Nanging senadyan
mengkono uga ana kritik marang aksara cithak iki. Aksarané keciliken ukurané
minangka rélatif lan akèh pada-pada saha sandhangan sing ora mèlu kacipta dadi
aksara iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namung kanggo nyithak
tèks-tèks biyasa waé ing koran. Kamangka rencanané mbiyèn olèhé nggawé aksara
cithak iku supaya bisa nyithak buku-buku kasusastran.
Brückner
Banjur kurang
luwih ing mangsa sing padha ana sawijining juru dakwah Protèstan (Walanda
zendeling) saka Jerman ajeneng Gottlob Brückner sing nduwé kapénginan
nerjemahaké Alkitab ing basa Jawa. Brückner wis manggon wiwit taun 1814 ing
Semarang. Alihbasa Alkitabé wis rampung ing taun 1821, banjur dhèwèké kepengin
nyithak naskahé lan takon menyang pamaréntah kolonial apa bisa nggawé mesin
cithak aksara Jawa ora. Nanging suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé
aksara cithakan dhéwé sing rampung ing taun 1831. Aksarané iki saliyané kanggo
nyithak pretalan Alkitabé, uga dienggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristen sing
diedumaké ing Semarang taun 1831. Ing Semarang para pedunung pribumi tibaké
seneng banget marang tulisané nganti pamaréntah kolonial dadi wedi lan mbeslah
apa sing turah. Banjur Brückner uga olèh pèngetan yèn Alkitab-Alkitabé uga
bakal dibeslah yèn diedumaké. Wujud aksara Jawa gaya Brückner iki ditliti
déning para pakar sastra Jawa kala iku yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke.
Para pakar iki kurang seneng marang modhèl aksarané Brückner amerga kaanggep
dudu cangkokan gaya Keraton Surakartan sing kala iku kaanggep apik dhéwé.
Roorda van Eysinga lan Radèn
Saleh
Roorda van
Eysinga, sawijining pakar sastra Jawa ing negara Walanda uga tau ditugasi nggawé
aksara cithak. Roorda van Eysinga banjur ngrancang sawijining aksara,
rinéwangan déning Radèn Salèh. Aksara riptan Roorda van Eysingan iki rampung
ing taun 1835. Nanging kasilé dikritik amerga rupané isih ala lan wujudé wujud
aksara pesisiran, dudu aksara gaya Surakartan.
Roorda
Taco Roorda iku
sing kapisan bisa nggawé aksara Jawa sing bisa dianggep suksès amerga aksarané
ditampa déning para pakar sajaman lan tetep dienggo nganti luwih saka 100 taun.
Aksara Roorda iki rampung ing taun 1838.
Taco Roorda iku
sajatiné pakar basa Wétan Tengah kaya ta basa Ibrani, budaya Wétan Tengah, saha
tafsir Prajanjian Lawas. Nanging dhèwèké dadi profésor basa lan sastra Jawa
wiwit taun 1842 ing Delftsche Academie, akademi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé
lembaga iki dibubaraké ing taun 1864, dhèwèké dadi profésor ing lembaga
penerusé ing Leiden sing diarani Rijksinstelling tot Opleiding van Indische
Ambtenaren utawa 'Lembaga Negara bagi Pendidikan Pegawai Negeri Hindia'.
Roorda dhéwé
miturut panuturé dhéwé bisa nggawé aksara sing apik merga bisa niliki lan sinau
saka pengalaman para pendahulu-né. Saliyané iku dhèwèké bisa nggambar mawa
apik, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané. Banjur jenis aksara sing
dienggo déning Roorda iku jenisé pancèn tepat, yaiku aksara Jawa gaya Karaton
Surakarta sing kala iku dianggep apik dhéwé.










Tidak ada komentar:
Posting Komentar